Kidung Vikep R. Budiharyana, Pr

kidung vikep budiharyana pr

Persembahan Antonius Suparnjo, mantan umat Wilayah Yohanes Paulus II Paroki Kalasan, untuk Romo Budiharyana atas tugas yang baru sebagai Vikep Surakarta.

KIDUNG VIKÈP BUDIHARYANA, Pr

DHANDHANGGULA

1.
Amrih manis Pasamuan Suci,
Keuskupan Agung ing Semarang,
Niki dhawuh timbalané,
Sinengkakké ngaluhur,
Rama Budiharyana nenggih,
Vikaris Épiskopal,
Lan sendika dhawuh,
Menyang tlatah Surakarta,
Papan karya dudu pilihan pribadi,
Karsa Dalem kang dadya.

2.
Kalasan Paroki Marganingsih,
Sèwu nyurung lan njurung pandonga,
Tan bisa nduwa karsa-Né,
Lumantar dhawuh Uskup,
Tinanggenah marta martani,
Jaragan wus prasetya,
Imam gesangipun,
Kagem Gusti lan sasama,
Istingarah amrih mulya Dalem Gusti,
Mbabar Sabda sanyata.

3.
Datan gèsèh pangandikanèki,
Uskup Rubi kalané misuda,
Para Vikèp jumenengé,
Tan ana ingkang nyuwun,
Sayektiné kang ngutus Gusti,
Tan ana kang suwala,
Mèi telung puluh,
Warsa rongèwu wolulas,
Ing Katedral Maria Ratu Rosari,
Wonten kitha Semarang.

Sorblimbing, 02062018


Kidung Vikep R. Budiharyana,Pr – Antonius Suparnjo

sutanto prabowo

Father, Teacher, Blogger, Duta Damai BNPT, Indonesia Local Guide, Komunitas Blogger Jogja Member, Litbang GMMK, blog : <a href="https://maswo.my.id">maswo.my.id</a>

Learn More →

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *